Scooterboyz Bertutur

Hanya sekedar blog biasa

  • Tentangku..

    Arif

    Aku hanyalah seorang mahasiswa Elektro dari sebuah universitas kecil di negeri ini..



    Sile kuntak saya di : arif@arc.itb.ac.id atau scooterboyz@gmail.com

  • Yahoo Messenger

  • Batagor – Bandung Kota Blogger

    Bwatagor dwot newt
  • Visit Indonesia 2008

    Visit Indonesia 2008
  • Laporan Pandangan Mata

    IMG_6745

    IMG_6727

    IMG_6721

    IMG_6710

    More Photos
  • Pelaku Pemukulan

    • 73,401 Pukulan
  • Tanggalan Skuter

    September 2007
    S S R K J S M
    « Mei   Okt »
     12
    3456789
    10111213141516
    17181920212223
    24252627282930

Cara menolak karyawan (Boso Jowo)

Ditulis oleh scooterboyz di/pada September 16, 2007

ISeng2 browsing,nemu ini..Lucu banget,buat yang ngerti bahasa jawa tapinya.. :D :D :D

Monggo diwaca kemawon..

Diambil dari http://akuabi.multiply.com/journal/item/103/Guyon_Ala_jawa_Kiat_Menolak_Karyawan_Cara_Jawa

Alkisah di sebuah perusahaan besar di kawasan Keprabon, tengah melakukan beberapa tes wawancara untuk ” tidak” menerima calon karyawan baru. Tentu saja salah satu prasyaratnya adalah harus berbahasa EJD (Ejaan Jawa yang nDaksempurna)..

G : Kowe nduwe omah opo ora…..?
A : Dereng….
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
A : Lho kok ngaten……..?
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
A : Ah.. mboten, kok. Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
G : Yo malah ora ketompo
A : Lho kok ngaten…..?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.

G : Kowe nduwe motor opo ora….?
B : Mboten.
G : Ora ketompo
B : Lho kok mboten ketampi?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
B : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung,gampil mangke kulo beto ngriki.
G : Wah malah ra ketompo….
B : Lho kok ngoten…?
G : Tempat parkire wis ra cukup.



G : Kowé wis lulus sarjana tenan…..?
C : Sampun, Pak….
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayaré murah
C : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo…..
C : Lho, kados pundi, tho….?
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo.



G : Kowé seneng guyon opo ora?
D : Mboten pak, kulo serius yén nyambut damel.
G : Ra ketompo…..
D : Waa……kok ngoten?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
D : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
G: Malah ora ketompo.
D : Lho kok……
G: Engko kowé mung email emailan sing lucu…….



G : Kowé mau mréné numpak opo?
E : Nitih mobil
G : Kowé ora ketompo
E : Sebabipun?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus
E : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok
G : Tambah ora ketompo
E : Lho, lha kok … ?
G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi !



G : Anakmu akèh opo sithik?
F : Kathah pak
G : Kowé ora ketompo
F : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
F : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
F : Lho, lha kok … ?
G : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé



G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
H : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
H : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
H : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
H : Lho, lha kok … ?
G : Kowé rak mung arep keminter, to ?



G : Kowe ngerti kahanan kantor k éné durung
K : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
K : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gaw é kok ora ngerti kantoré ?
K : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
K : Lho, lha kok … ?
G : Kow é senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to?



G : Kowé kerep loro ?
M : Mboten
G : Kowé ora ketompo
M : Sebabipun ?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
M : Wah, sakjanipun nggih asring
G : Tambah ora ketompo
M : Lho, lha kok … ?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.



G : Kowé biso main Internét?
N : mBoten
G : Kowé ora ketompo
N : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo wong BI (Buta Internet)
N : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo
N : Lho, lha kok … ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to? Ngenték-entekké pulsa !



G : Kowe waras opo ora?
O : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo…….
O : Kenging nopo …..?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
O : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo……
O : Pripun to niki….?
G : Mengko aku duwe saingan……….

19 Tanggapan ke “Cara menolak karyawan (Boso Jowo)”

  1. arie berkata

    “G : Mengko aku duwe saingan……….”

    wakakakakakaka……..

  2. aJOemOni berkata

    whhuehueuehhehwhwhee..

    walah,,, guling-guling aku moco iki.. :lol:
    marakne mules..
    kkekekeke..
    iso wae ki bocah..
    iso dadhi srimulatan iki..
    wis suwi aku ora moco postingan sing marai seger..

    lhoh, saged jawi tho?

    ~hihihi,, sori mas, boso jawa kulo uancur.. kekekek,.~

  3. scooterboyz berkata

    @arie
    Mesti bos’e kae tunggalane awakmu,kang!!

    @ajoemoni
    Kulo tiyang solo,mbakyu!!Mosok mboten saged ngomong jawi?? :D

    Gelem postingan sing marai seger??Golek wae es2an ngunuh mbakyu.. :D

    Ati-ati wae yen golek gawean ketemu HRD koyok ngunuh.. :D

  4. izual berkata

    critane ramutu tur marai ngekek..

    kekek..

    LOL

  5. Fajar berkata

    oi ojo nganggo bahasa dewa lah !!
    ra ngerti aku cuk :mrgreen:

  6. Fajar berkata

    oi ojo nganggo boso dewa lah !!
    ra ngerti aku cuk :mrgreen:

  7. gudang-E MaS NGaBEhi WibY berkata

    Wahaha..(bener2) lucu..wehehe..dialog-e persis-plek kethoprak-ane Basiyo opo Marwoto Kawer.., eh ..beidewei..minta yak..alias tak copynya ..tentunya tidak lupa, seluruh alamat asal muasal-e ku cantumken..maturnuwun sanget sakderengipun.

  8. scooterboyz berkata

    @fajar
    Niku mboten gayeng menawi kula translate ngangge boso indonesia..Iki sing marai gayeng kuwi diksi dalam bahasa jawanya..

    Mengko tak ajarilah kang!! :D

    @Ndoro Ngabehi
    Sumonggo kemawon dikopi..

    Iyo,aku yo ngekek dadi kelingan karo cak basiyo apa Kang Djunaidi.

    Panjenengan gadhah rekamane ketoprak2 kados niku mboten??Menawi gadhah,kulo purun..

  9. [...] 2007 CARA MENOLAK KARYAWAN (Boso Jowo) Posted by mbelgedez under Acakadul   Ditulis oleh scooterboyz di/pada September 16th, [...]

  10. mbelgedez berkata

    Wonk uedian…
    Tak copas nang Blog ku yo.
    Mekso !!!
    Nek ra oleh tak ithik-ithik kowe….
    O, yo. Salam kenal…

  11. reza berkata

    sumpeh, perutku mules baca ini.
    lumayan lah megalihkan rasa laper n haus.
    good post

  12. neen berkata

    Wakakakakakaka, aku copy ya………

  13. scooterboyz berkata

    @mbelgedez
    Monggo..

    Ditunggu bayarane kang.. :D

    Salam kenal juga dari skuter..

    @Reza
    Kehkehkeh..
    Klo gitu,pas puasa baca ini ters ajah,biar ga laper.. :D

    @Neen
    Monggo..

    @all
    Ini hanya bacaan semata,jangan dipraktekkan di kehidupan nyata,kasian yyang nglamar kerjaan..

  14. gudang-E MaS NGaBEhi WibY berkata

    kadose nek kulo dereng kesupen(soale sampun dangu kulo simpen-primpen malah lali le ndeleh-aken hehehe)…kulo gadah mas..ananging..sekedap kulo padosaken rumiyin.Mesti(ne) kulo pastek-aken..wonten-nopo mboten-ne..(kok..mbalah koyo kethoprak-an yak hahaha).

    (Kalau misih ada, dan berhasil kutemukan ditempat persembunyiannya ku kabari secepatnya).Maturnuwun.

  15. hamka berkata

    wahaha…, kulo moco niki dados ngguyu kemekelen

    wis jan… guyon boso jowo ki pancen lucu tenan

  16. wid berkata

    wakakakakakkaka.. jian… top markhotop….

    G : kowe ngerti bayaranmu po durung ??
    M : Dereng
    G : wo ora ketompo kowe
    M : Sebabipun ?
    G : la sing arep mbayari yo bingung. mengko dibayar sitik kurang dibayar akeh keluwihen
    M : wah, janipun nggih saged dirunding
    G : woo.. malah ora ketompo
    M : sebabipun ?
    G : la opo seng arep dirundingke.. lha wong kowe wae ora ngerti bayarmu piro..

    wakakakakakak
    salam kenal bro..

  17. dipo berkata

    lek aku sing diwawancara…. langsung tak terjang ndayak HRD kaya getu he..he..he…

  18. muntamah berkata

    lucu sanget ngantek ngekek aku maos kui wekekeke
    salam kenal

  19. uchikawa berkata

    aku jane ra meh nguyu, ning bar moco tulisane jebulane lucu….hehehehehe

    sing nulis meski mantan “saingane”…hehehehehehehehe (guyon)

Tinggalkan Balasan

XHTML: Anda dapat gunakan tag ini: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <pre> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>